Meme Lucu DP Jowo Jaman Edan



Kumpulan gambar foto editan meme DP lucu boso Jowo iki mung gawe guyonan. Nggo kirim gambar lelucon waton ngguyu nok BBM, FB, Instagram, Twitter, Gplus lan liyane. Isine gambar kata-kata lucu, tembung pitutur kocak, unen-unen koclok, ukara bijak koplak lan sindiran mbanyol boso Jowo ing jaman edan. Meme-meme gak mboys ngene iki ancen lagi booming. Republik Gondes yo ra ketinggalan jaman rek. Masio ngawur, meme versi Gondes+ paling ampuh gawe ngusir tikus.

Ra usah kecangkeman, mumpung lagi jaman gendeng, ayo kenthir pisan. Jare, jaman edan... nek ora ngedan ora keduman. Wis ndang di download / copy paste meme-meme lucu gemblung iki, trus ajaken kanca-kancane perang gambar koplak. Sing ora mudeng arti bahasa Jawa, terjemahno dewe yo...

Meme Jowo Lucu 1

Jaman disik: cewek SMA nganggo seragam OSIS rapi. Ono arek lanang nyedak ngono wis pasang kuda-kuda karo ngelingake: Awas!! Ojo Senggol Iki Susu (plesetan singkatan OSIS). Jaman saiki? Ono cowok nglirik ngono wae seragame dipliyek, pamer susu, karo nantang: Nyoh! Nyenggol thithik joss!! Nek gagal nyenggol jarene: Try again.... Edan tenan!!

Gambar meme iki nyindir arek wedok SMU jaman saiki sing ketularan budaya ora genah teko barat. Ndelok ngono iku aku miris. Pingin mbalik SMU maneh. Cekno iso nyenggol thithik joss!! Wakaka... melok somplak pisan!!

Meme DP BBM Jowo Kocak 2

Sing rodo waras nok jaman edan yo pituture Eyang Subur iku: Urip mung mampir ngombe karo rokokan. Mulane ojo sok adigang adigung adi bing slamet. Bener iku, mung kepleset thithik. Kudune ojo adigang adigung adiguno. Tegese: Urip iku mung sedelok, mulane ojo sok-sokan.
Gambar DP lucu liyane iso sampeyan delok nok posting sak durunge: Gambar Kata2 Lucu DP BBM Bahasa Jawa

Meme Koplak Tembung Jowo 3

Teks gambar unen-unen ukara Jawa: Sluman Slumun Slamet. Tegese Ati-ati, biar lambat asal kesuwen... tapi selamet. Mangkane, nek ono sing cerewet, plesteren ae lambene cekno ra iso njijris... nggarai sumpek!!
Meme koplak iku iso sampeyan kirim kanggo nyindir bojo, pacar utawa wong wedok sing kakean omong. Mirip karo meme ndik ngisor iki

Gambar Meme Jowo Edan 4

Pitutur Jawa sakbenere: Sepi ing pamrih Rame ing gawe. Tegese, tumandang sing sregep ora ngarep pamrih. Kosok balene: Sepi ing pamrih Rame ing lambe. Kakean cocot!!
Meme sableng iku cocok gawe ngilokake rekan kerja sing penggaweane ora beres, tapi seneng ngerumpi ngrasani kancane. Nek pingin dipecat, yo kirimen nok boss pisan. Wani opo ora?

Foto Meme Jowo Ora Genah 5

Oalah... MODUS. Ngakune importir... Tibakno ngglethek... Juragan Upil!! Iki nggo pengilng-iling kawula muda, terutama cowok. Ojo modus (modal dusta) ngapusi cewek Tessy. Ndadak ngaku wong sugih barang. Nek ketemon ternyata kere, opo ora ngisin-isini?
Contoh crito ngakak komplit bab iki iso panjenengan pencet nok artikel: Gegojegan Jowo: Modus ala Gareng Petruk

Meme Jowo Lucu 6

Republik Gondes wis nuturi. Nek sik ngeyel wae, ojo nyalahno nek dibalang sepatu karo wong edan iku. Mangkane, dikandani wong tuwek iku sing nurut. Dirungokno, ojo mangsuli. Nek kadung pegel atine, wong tua ya iso esmosi.

Kumpulan Meme Lucu DP Jowo Jaman Edan wau mugi-mugi saget nglipur manah lan migunani. Nyuwun agunging pangaksami menawi atur kawula kasar tur vulgar banget. Sumangga mirsani guyonan, banyolan, lelucon lan dagelan edisi boso Jowo lintune ingkang lucu tur wagu lintune. Sugeng gegojegan...

1 komentar:

Tolong jangan mengcopy paste isi humor di blog ini ya, kecuali gambar. Kalau gambar / meme silahkan dicomot sepuasnya asal tidak menghilangkan caption (tulisan republikGondes). Pelanggaran akan dilaporkan pada pak camat!