
Petruk ketok lambene
mecoco. Lungguh ndeprok nok pojoke rondan, sangga wang karo nglamun. Sajake atine
nembe nandang bronto.. Istilah arek saiki lagi galau. Weleh weleh... tibake
Peruk ya iso galau barang tah?
“Mikir apa to, kok
ketok judeg ngono?” takon Gareng karo lungguh jegang njejeri dulur lanange
kuwi. “Ra nduwe duwit? Diuber-uber utang? Apa mergo dipegat karo sir-sirane?”
“Komplit, Reng...”
wangsulane Petruk. “Mergo ra gableg duwit, ngutang nok bank thithil kanggo
nukokno gelang kalunge si Pariyem.” Petruk ambekan dowo. “Lha utange durung
lunas, eh... saiki ndadak njaluk sempak gambar anggry bird. Opo ra pecas
ndasku?”
Gareng ngguyu
ngakak krungu wangsulane Petruk. “Oalah... jian apes tenan nasibmu Truk...”
jarene, “Nek ra nduwe duwit nggo tuku sempak gambar anggry bird, ngomong karo
aku po’o...”
“Arep sampeyan ke’i
ngono po piye?” Petruk mandeng Gareng penuh harap
“Yo ra ngono...”
wangsul Gareng karo mesam mesem. “Karepku, tak jalukno sempake Simbok trus digambari
manuk emprit... Lak pada bae to? Hwakaka....”
“Uedan..!!
Gendeng...!!” Petruk misuh-misuh karo ngethaki sirahe Gareng. Arek loro kuwi
njur ngguyu cekakakan bareng.
“Mangkane, aku lak
wis ngomong to... wong kere iku ra usah kemenyek pacaran barang...” ujare
Gareng karo nyruput wedang kopi. “Pacaran iku nggarahi mumet!! Penak njomblo
kaya kiye iki. No problem”
“Lha piye... wis
kadong tresno sekonyong koder, je...” saut Petruk
“Masio cintrong
setengah modar, tapi ya didelok disik... capa dulu ceweknye...” pitutur Gareng
sok metuwek, ngalah-ngalahi Mario Teguh. “Lha nek model cewek matre kaya
gendhakanmu iku ya mending prei kiri ae...”
“Lhadalah... lha
kok malah menghina ngono seh?” Petruk sajak esmosi pacare diarani cewek matre.
Maklum, jenenge wae wong kasmaran. Jelas mbelani mati-matian.
“Sabar... Ojo nesu
disik...” Gareng ngiling kopi nok gelas, banjur dikekno nyang Petruk, “Nyruput
kopi disik cekno atine lerem...” Meneng sedelok. Terus ngomong maneh, “Aku ra
ngenyek Pariyem. Tapi iki kasunyatan. Nek pancen deweke arek genah, kudune
ngerti kahanane awakmu. Lak wis ngerti to, nek kowe iku wong mlarat? Kenek opo malah
ngotot njaluk sing aneh-aneh ngono kuwi?”
Petruk meneng.
Kopine ora sido dimimik. Sirahe godeg-godeg karo mesem kecut. “Sak benere...
iki salahku...” ujare alon.
“Kok iso?” takon
Gareng. Alise munggah tanda herman... Maksute heran.
“Waktu kenalan,
aku ngaku nek juragan endog puyuh...” Raine Petruk ketok isin, tepate
ngisin-isini. “So..., ngertine Pariyem iku, aku iki wong sugih.”
“What?” Gareng
kaget, sampek kopi sing arep diombe muncrat nok raine. Gareng misuh misuh karo
mlaku nok jeding arep raup.
Petruk sing sak
benere gundah gulana, gak iso ngempet ngguyu kekelen ndelok raine Gareng godres
wedang kopi. Pas iku, moro-moro Hpne Gareng muni. Ono telpon mlebu. Petruk njur
mbengoki Gareng, “Ono telpon, Reng...!!”
“Angkaten
disik...!!” wangsulane Gareng teko njero kamar mandi.
Tanpa ndelok
jenenge sing nelpon, Petruk langsung mithet tombol OK tanda telepon diterima, “Halo...”
“Halo... ini mas
Roy ya?” krungu suarane arek medok tekok seberang. Logate krungu kemayu-mayu
piye ngono..., nggarai Petruk gemes pingin... “Halo? Kok diem sih, Say...”
“Eh, oya.. ehm... oh,
bukan,” Petruk dadi gelagepan, “Yang mbak maksud Roy itu siapa ya?”
“Lho..., ini bukan
Mas Roy juragan telor puyuh itu ya?” pitakone si cewek nok telepon.
“Bukan mbak... Ini
telponnya Mas Gareng. Mbaknya salah sambung kali...” jelas Petruk.
“Kalo gitu maaf ya
mas... Kirain ini mas Roy, pacar saya...”
“Nggak papa
mbak... Boleh nggak kenalan? Kebetulan saya juga juragan telur puyuh,” ancene
arek modus si Petruk iki. Sempet sempete golek kesempatan dalam kesempitan. Parah...
“Boleh...” arek
wedoke lha kok ngladeni pisan, “nama saya Santi... Nama masnya siapa?”
“Peter, mbak...”
Jiah! Petruk ngaku Peter!” Oya... boleh nggak, kapan kita kemana?”
“Boleh... Tapi
kok... tiba-tiba mas Peter mau ketemu saya. Ada apa ya?”
Dasar Peteruk...
Entuk angin seger tambah ndadi gombalane. “Enggak, Cuma mau ngebuktiin kalo
kulit Santi juga seputih kulit Shinta...”
“Ah, mas Peter
bisa aja deh hik hik hik...” suara ngguyu kenes’e Si Santi nggarahi Petruk
tambah penasaran. Tapi mbarang ketok Gareng wis metu soko kamar mandi,
buru-buru Petruk mbisiki telpon. “Eh, udah dulu ya. Nanti disambung lagi.
Soalnya ada importir dari Jerman mau pesan telur puyuh lima kontainer nih...
Bye... miss U...”
“Telpon teko sopo,
Truk?” Gareng takon.
“Ora..., iki
telepon salah sambung.” Jawab Petruk karo ngekekno Hpne Gareng.
Gareng ngutek-utek
Hpne. Ngecek sopo sing tasan telepon. Lha kok Gareng kaget njumbul sakwise moco
jenenge wong sing mari telpon kuwi. “Lho... iki kan Santi?!”
“Lho, awakmu kenal
ta?” Petruk yo pada kagete.
“Ya kenal... Lha
wong iki pacarku.”
Petruk meneng
ndomblong kaya sapi ompong. Tapi ora suwe njur ngguyu cekakakan, sampe
kepuyuh... “Hadew... modelmu, Reng...” ujare sakwise ngguyune rada mendo. “Ngomonge
kayak Ustadz Soulmate... nuturi wong. Tibake pada bae... MODUS!! Pantesan
sampek keseleg. Lha wong moduse podho persis!! Wakaka...”
Gareng ngguyu
kisinan. “Ojo rame-rame... Sesama orang modus dilarang saling mentertawakan...”
“Siap mas Roy...
Sesama juragan telur puyuh dilarang saling mendahului...”
Arek loro iku
ngakak bareng ora mandeg-mandeg. Huahahaha...
Hi..hi.... lucu tenan. Modusss kabehhb
BalasHapushi..hi..hi.hi... ono ono wae iso lucu banget
BalasHapus