Status FB Paling Koplak Boso Jowo



Status FB Paling Koplak Boso Jowo – khusus kanggo wong Jowo sing iso moco ala bahasa Jawa. Update status Facebook nganggo teks ukoro (kata-kata) utawa tembung (kalimat) sing puol lucu kocak gokil koplak mbanyol konyol ndagel lan nggatheli – kadang nggilani, wagu tur saru. Status pesbuk model ngawur asal njeplak ngono iku jare akeh sing seneng amargo iso nggarai ngguyu ngakak kepingkel pingkel sampek mlungker koyo wong sempel. Mangkane arek nom jaman saiki hobi update status gak jelas. Sing penting eksis, akeh sing ngeLike mbarek comment. Opo tumon?

Nek jare aku sih status akeh sing ngeLike iku nek nduwe konco wuakeh sak bajeg. Lha iyo, percuma update status paling lucu koplak kocak gokil koclok gendeng bin kenthir nek gak nduwe follower / konco babar blas. Opo maneh sing rupane wis wuelek.... ngentutan.... ora tau raup..., urip pisan. Hadew... Sopo sing katene ngeLike statuse? Demit? Jin? Setan?
Sorry njes, guyon... Ojo nesu disik... Masio ayu / ngganteng nek purikan merengutan yo dadi ketok elek. Sing penting podo iso ngguyu cengengesan kayak wong edan.

Ra sah kesuwen, yuk monggo dipun pirsani contoh teks status singkat super lucu koplak bin norak kanggo update status nok FB, Twitter, Gondes+, BBM, Path lan liyane iki. Sugeng gegojekan... Wak Wau....!!


Alhamdulillah... akhire nduwe facebook.
Rapopo masio facebook bekas... sing penting iso update status

Tulung sing gak berkepentingan minggir disik...
Wong ngganteng arep update status

Mangan ora mangan asal pesbukan

Sing moco status iki tak dongakno mlebu suargo kelas tribun...
Sing ngeLike mugo-mugo mlebu suargo kelas VIP
Sing Comment mugi-mugi mlebet suargi kelas VVIP
Sing ora iso moco status iki ndang sekolah sing sregep.....

Waduh!! Mumet sirahku...
Mene kate ujian... Lha kok sinyale lemot ngene seh?

Sing rumongso ayu / ngganteng klik gambar jempol
Sing elek..... ngemuto jempol

Tulung yo rek... nek masang gambar promosi ojo nok wallku...
Tasan dicet....

Tangi turu... Nyruput kopi karo rokokan... Jian manteb tenan
Tapi kok koyok ono sing kurang yo?
Mesti ae... Lha wong durung update status

Test 1... 2... 3....
Pesbuku mari tak servisno
Alhamdulillah, saiki murup maneh

Arek saiki jian kemenyek kabeh. Mosok update status nggawe boso 4l4y. Ngetike paling nganggo kalkulator. Yg m3mb4c4 i2 4p4 g4k pu51ng 7 kel1l1ng?

Malming penake lapo yo? Arep ngapel ra nduwe pacar. Arep mlaku-mlaku ra gablek duwit. Arep pesbukan gengsi disangkakno arek ra payu...
Timbang bingung mending budal mbecak ae wes....
Jamane saiki jaman edan. Wong edan do pesbukan

Rungokno pituture bu guru iki: Sekolah sing rajin cek pinter. Nek wis pinter ndang budal mbecak

Pesbuk karo Twitter iku jarene media sosial. Tapi aku kok gak pernah disumbang yo?

Yen dipikir-pikir urip iku pancen angel. Mangkane ra usah dipikir... dilakoni ae. Ngono ae kok repot!
Nyambut gawe ora usah ngoyo. Masio gajine sithik, sing penting iso tuku omah, apartement, mobil plus nduwe gendhakan papat ae wis cukup lah....

Witing tresno jalaran soko kulino. Witing pegatan jalaran soko lambemu!!

Duh... mirip nek moco berita kecelakaan pesawat. Paling aman pancen numpak dokar. Alon-alon asal kesuwen...

Wis ta lah... karo konco sing rukun. Ora usah podo tukaran. Nek ono masalah, sing waras ngalah

Wis rek... wis jam 12 bengi. Mandeko disik... mene ditutukno maneh. Mesakno facebook klangopan wis ngantuk pingin bobok.....

Ojo lali... nek mari update status facebooke disaponi disik

Cukup sak mene ae contoh status FB paling koplak boso Jowo. Wocoen status Pesbuk  lucu kocak gokil  norak liyane versi bahasa Indonesia: Status paling lucu gokil seIndonesia Terbaru 2015. ojo lali moco dagelan mbanyol boso Jowo utawa parikan jula-juli lucu boso Jowo. Sugeng ngguyu ngakak... Wak Wau....!!
 

7 komentar:

Tolong jangan mengcopy paste isi humor di blog ini ya, kecuali gambar. Kalau gambar / meme silahkan dicomot sepuasnya asal tidak menghilangkan caption (tulisan republikGondes). Pelanggaran akan dilaporkan pada pak camat!