Humor bahasaJawa 100% gak lucu. Ditulis dalam rangka meng-Go Internasional-kan lelucon ala Jawa
versi koplak! Yang merasa orang Rusia, Cina, Jepang dan Rusia wajib baca
dagelan koclok ini. Untuk wong Jowo asli gak boleh baca sambil tidur!!
Guyon maton
ora waton ngguyu. Adicara punika namung gegujengan kangge panglipur manah
supados tansah sumringah. Nyuwun agunging pangaksami menawi wonten atur kawula
ingkang ndadosaken duka penggalihipun sedaya saderek ing tlatah Jawi. Sumangga
sesarengan midhangetaken ngantos purnaning acara. Mugi-mugi wilujeng kalis ing
sambikala.
Ngomong opo
iku... Sing nulis durung karuan mudheng artine. Ndadak kemenyek nggawe boso
kromo barang. Arep dadi dalang opo sinden? Mending biasa ae po’o. Mbanyol
Suroboyoan campur Semarangan, campur Malangan plus campur borax. Hehe..., sorry
njes..., iku mau belajar ndalang, lhadalah malah pating pecothot, mbulet ra
karuan kayak lambemu hahaha....











