Humor Boso Jowo: Ayo Ngguyu...



 

 Humor bahasaJawa 100% gak lucu. Ditulis dalam rangka meng-Go Internasional-kan lelucon ala Jawa versi koplak! Yang merasa orang Rusia, Cina, Jepang dan Rusia wajib baca dagelan koclok ini. Untuk wong Jowo asli gak boleh baca sambil tidur!!
Guyon maton ora waton ngguyu. Adicara punika namung gegujengan kangge panglipur manah supados tansah sumringah. Nyuwun agunging pangaksami menawi wonten atur kawula ingkang ndadosaken duka penggalihipun sedaya saderek ing tlatah Jawi. Sumangga sesarengan midhangetaken ngantos purnaning acara. Mugi-mugi wilujeng kalis ing sambikala.
Ngomong opo iku... Sing nulis durung karuan mudheng artine. Ndadak kemenyek nggawe boso kromo barang. Arep dadi dalang opo sinden? Mending biasa ae po’o. Mbanyol Suroboyoan campur Semarangan, campur Malangan plus campur borax. Hehe..., sorry njes..., iku mau belajar ndalang, lhadalah malah pating pecothot, mbulet ra karuan kayak lambemu hahaha....

Oalah..., pancen angel kate nguri-uri budaya bangsa. Lha nek wong Jowo dhewe ra ngerti boso kromo, opo maneh wong Inggris, tambah babar blas!! Maklum, saiki jamane wis modern. Arek saiki luwih paham basa alay timbang basane dewe. Tius miyapa? Masalah buat elo?

Yo ngono kuwi jawabane arek saiki nek dikandani wong tuwek. Kebacut tenan kok. Ancen kudu sabar. Gak perlu nesu. Mundak darah tinggine kumat. Rumah sakit iku larang. Nek murah, kabeh mbangun rumah sakit. Paling nek wis kebacut moro-moro dikaplok ngono ae beres! Hehe...
  
Lha endi iki jare kate ndagel... lha kok kaet mau nyocot ngalor-ngidul gak genah parane ngono. Sing moco iki selak ngempet kebelet nguyuh, Cak....

Sabar yo... aku dewe ya bingung kate mbahas opo yo sing ngarahi ngguyu kepingkel-pingkel. Opo ngene wae, kon sing ndagel aku tak turu wae. Penak to?

Yok opo seh? Gak genah iki. Niat dadi blogger humor opo ora? Nek gak niat mending dadi presiden wae.
Prasamu dadi blogger humor iku gampang ngono tah? Nulis postingan lucu iku gak gampang. Luwih gampang dadi presiden. Ngundakno BBM ngono wae wong sak Indonesia ngakak kabeh.

Ngakak gundulmu gondrong!! Gara-gara bensin larang akeh sing misuh-misuh mergo akeh wong kembung.
Opo hubungane bensin larang karo akeh wong kembung?

Lha iyo. Mergo gak kuat tuku bensin, ngombe banyu putih diakehi cek pipise akeh gawe ngiseni tangki montore...

Wah, jian ora masuk akal. Opo yo iso montor diiseni banyu pipis?

Yo iso wae. Masalah mlaku opo ora montore yo urusan ngguri to?

Wahaha... koplak tenan endasmu. Tapi yo bener yo. Lak durung pernah dicobak seh? Resikone paling-paling nyurung montor nyang bengkel.

Wah, ngomong bengkel dadi ono ide. Yok opo nek awake dhewe mbukak bengkel? Untunge gede, Cak...
Usaha bengkel iku opo ra butuh modal?

Halah, modale gampang. Cuma butuh obeng thok wis beres.

Opo ora perlu kompressor, spare part karo perlengkapan liyane? Trus gawe ngontrak bengkele barang kan perlu duwit to?

Ora perlu. Awake dhewe kari mbandrek kunci pintu bengkele wong liyo nggawe obeng. Nek wis kebuka, barange diangkut terus di obral nok loakan. Gampang kan?

Iku jenenge maling, monyong!! Kelakuan ngono iku nglanggar hukum. Nek kecekel iso mlebu penjara. Wis ojo ngomong nggladrah. Mikir iku sing realistis ngono lho.

Lha yok opo, Cak. Wetengku iki luwe. Kaet wingi durung mangan. Namu ndek kene iki cekno oleh mangan gratis. Ee... tibakno kopi segelas wae gak metu. Cuma disuguhi abab thok!!

Oalah... mesakno, Rek... Yo wis ndang mangano kono. Mumpung sek durung adang.

Lha durung adang kok nawani mangan. Seng genah wae, Cak!!

Yok opo aku dhewe kaet wingi yo durung mangan. Lagi bokek gak duwe dhuwit.

Duh, nasib...!! Tekok jaman Orde baru sampek orde Jokowi kok nasibe awake dhewe pancet wae kere yo, Cak?

Wis gak usah nggresulo. Nasibmu seElek rupamu! Masio kere tapi tetep iso gegojekan. Masio luwe ayo bareng-bareng podho ngguyu... Hu hu hu.....


Penderitaan: To Be Continue...

0 komentar:

Posting Komentar

Tolong jangan mengcopy paste isi humor di blog ini ya, kecuali gambar. Kalau gambar / meme silahkan dicomot sepuasnya asal tidak menghilangkan caption (tulisan republikGondes). Pelanggaran akan dilaporkan pada pak camat!