Perang Gambar Boso Jowo Koplak



Perang Gambar Boso Jowo Koplak – Dulur, ayo perang gambar nganggo boso jowo (bahasa Jawa). Saiki jamane perang meme koplak nok grub fb utawa bbm. Wis ora usum komen nggawe teks tulisan. Nek ngaku arek gaul, ojo ngisin-isini ketinggalan nantang lan komen tawuran gambar mbanyol lucu. Tapi nek gampang loro ati, ora usah melu. Soale perang gambar iku guyonane nylekit, ngenyek sampek elek. Biasane foto editane ngawur, edan, gendeng. Wis pokoke koplak, gak genah kabeh.

Ra usah watir nek mati. Lha wong cuman perang-perangan nganggo gambar meme. Sing penting lucu. Tapi ojo saru nemen gambare yo... Nggo disenen-kemisi karo simbah. Iki contone ajakan perang gambar nggo boso Jowo kasar pol, plus conto gambar komene.

Tantangan perang gambar boso Jowo Koplak 1

Gambar koplak: bedes (monyet) bukak klambi, ngisis..
Teks ukara jowo: “Perang gambar nok kene wae, isis... ra usah nok Irak, sumuk...” yo mesti ae. Lha wong nok Irak Suriah lan negara Arab (timur tengah) iku ancen cuacane panas. Opo yo ora keringeten gobyos? Penak perang gambar nok pesbuk / bbm, iso guyon ngakak karo ote-ote, isis....  

Nantang perang gambar bahasa Jawa Ngakak 2

Foto editan ngakak: cowok perang gulat karo cewek seksi

Ukara jowo: “wani perang po ra?” Nek diajak perang karo bocah wedok ayu kinyis-kinyis ngono iku yo ra iso nolak, bro... Opo maneh perange nok...halah embuh. nek mbayangno thok ae imanku sek kuat. Tapi si amin iki lho... njengat!!

Ajakan perang gambar somplak boso Jowo 3

Gambar image: Arek lanang lambene nyonyor
Kata-kata bahasa Jawa: “Pingin nyoyor? Ayo perang gambar!”

Ngajak perang gambar rada saru boso Jowo 4

Gambar: foto cewek seksi lagi senden pasrah
Teks: “Mas... kapan aku digambari?” Diajak cewek seksi maneh. Duh... aminku tambah njengat!!

Gambar meme koplak nok nduwur iku mau conto nantang utawa ngajak perang gambar karo kancane. Piye, cara komentare? Sabar... wong sabar iku bokonge jembar... Ndek ngisor iki contekan komentare. Conto gambar lucu liyane iso sampeyan delok nok kene:dp bbm

Komentar Perang Gambar boso Jowo 1

Gambar: Bedes lagi ndelok nduwur
Teks Jowo koplak: “Sopo to sing komen iku mau, ambune badeg!”

Komentar Perang Gambar boso Jowo 2

Gambar koplak: foto cewek lagi ngantuk nyekel spidol karo kertas
Ukara: Aku wis kesel nggambar rek... bubuk yuk...” Ayuk....

Komentar Perang Gambar boso Jowo 3

Foto koplak: cewek lambene ndomble sak gedang ijo
Teks: “Lambemu...” Piye? Lambene seksi to...? wakaka

Komentar Perang Gambar boso Jowo 4

Gambar: dokter boyke ngenyek
Teks: "Halah... tibake cuilik, tulisane ra ketok" Iku nggo ngomentari konco sing upload gambar wong udo saru sampek ketok nanuke. Iso ugo nggo komen sing upload meme tulisane cilik ora kewaca.

Iku mau conto (tulada) perang gambar boso jowo koplak jawa timuran. Sepurane, yen foto lan ukara (kata-katane) kasar. Jenenge wae gojegane wong koplak. Ra usah digagas dilebokne njero ati. Mundak nggarahi loro ati. Mending lebokno lambe wae, ben nyonyor kabeh. Wahaha.... Kumpulan gambar sableng edan liyane klik iki yo: foto gokil

2 komentar:

Tolong jangan mengcopy paste isi humor di blog ini ya, kecuali gambar. Kalau gambar / meme silahkan dicomot sepuasnya asal tidak menghilangkan caption (tulisan republikGondes). Pelanggaran akan dilaporkan pada pak camat!